Puji Konjuk Ing Pangeran Ana Ing Luhur
"Puji konjuk ing PANGERAN ana ing aluhur, lan tentrem rahayu ana ing bumi ing antarane manungsa kang karenan.
Wonten sebabibun dene Soli Deo Gloria i p. "Puji konjuk ing PANGERAN" ing sacelakipun Betlekhem kakidungaken dening para malaekat dhateng kita.
Pangalaman pait ngengetaken dhateng kita, bilih wonten pahargyan Natal punika sekedhik sanget ingkang manah dhateng kaluhuranipun PANGERAN, kados menawi ngleresi mengeti dinten miyosipun Gusti Yesus. Wontent in pahargyan Natal tiyang boten telas-telas nyariyosaken menggah Sang Bayi ing Betlekhem, saha tumurunipun para malaekat, pasawangan ing Efrata tuwin ing kandhang Betlekhem. Para ahli kidung sami ngarang kidungan, ingkang endah, nggantha patunggilanipun Gusti saha kawula wonten ing Gusti Yesus ing Nasaret.
Ingkang murugaken kula sami kedayan punika kamanungsan kula. Ingkang dipun-pahargya punika bayining manungsa, ingkang kagedhong sumeleh wonten in pamakanan. Karenanipun PANGERAN dhateng manungsa, ingkang dipun-tembangaken para malaekat, bilih Sang Pamartaning jagad manjanma mawi kodrating manungsa. Panjenenganipun miyos saking tiyang estri. Wewadosipun Natal (miyosipun Gusti Yesus) punika maksudipun boten sanes kajawi namung badhe murugaken karahayonipun manungsa.
Sang Bayi ingkang narik sadaya paningal punika karahayon ingkang kaparingaken, supados kula sami saged suka parisuka ing dinten Natal. "Bilih PANGERAN ngasihi dhateng manungsa, maringaken Sang Bayi, sampun katetepaken wonten ing Rancanganipun PANGERAN, kacetha wonten in pakaryanipun, ing tentrem rahayu anaa ing bumi."
Ing saindengipun Nusantara sampun kapireng suwanten "Soli Deo Gloria". Kabingahan punika sampun sumebar dumugi ing kitha saha dhusun ngadhusun. "Puji konjuk ing PANGERAN ing ngaluhur" ngumandhang ngebaki jagad raya.
Para malaekat dhatengipun ing bumi boten saking kajengipun piyambak, nanging kautus dening PANGERAN. Ingkang kakidungaken dening para malaekat punika sanes wohing gagasanipun piyambak, nanging Kidung karyanipun PANGERAN piyambak.
Ing sauruting jaman lan abad-abad, salaminipun jagad punika taksih wonten, PANGERAN ngarsakaken, supados manungsa tansah ngluhuraken asmanipun, langkung-langkung menawi ngleresi dinten miyosipun Sang Pamartaning jagad, sampun ngantos ngarah dhateng kaluhuranipun piyambak. Manah kula kasengsema dhateng Sang Bayi, saking bingahipun sampun ngarah dhateng kaluhuranipun piyambak, nanging ngluhurna asmanipun PANGERAN.
Salebetipun bingah-bingah sampun ngantos manah kula kasupen dhateng Gusti, ingkang paring kabingahan, tanpa nyumengkakaken manah kula dhateng PANGERAN, sumberipun kabingahan.
Para paengen saking Betlekhem sasampunipun nyipati, punapa ingkang kapangandikakaken para malaekat, sami wangsul dhateng papan mendanipun, sarwi memuji tuwin ngluhuraken asmanipun PANGERAN.
Sang Bayi ing Betlekhem dereng ngandika punapa-punapa, dereng nindakaken punapa-punapa. Tanpa ngandika mirsani saking Betlekhem dhateng saindenging bawana. Ibu Maryam boten narik manah kita, panjenenganipun namung mirengaken tuwin nggalih salebetipun galih, tanpa ngandika sakecap-kecapa. Kawontenanipun ing Betlekhem sepi tanpa sebawa, kados-kados ngajak kula manah dhateng Panjenenganipun, ngaturaken puji cecampuran katresnan, minangka sesaji konjuk Panjenenganipun ingkang nggalih kaelokan punika, mujudaken kasugihaning sih piwelasipun.
Wonten ing bawana agung, ing jagading manungsa Betlekhem kasilep margi asor tuwin alitipun. Dhusun alit boten mbejaji, kandhang kewan tanpa aji, tiyang estri kagolong tiyang alit, pangen-pangen prasaja nyandhang sarwa kasar, milanipun ing ngriki boten wonten barang ingkang narik babar pisan. Punapa ta ingkang murugaken Betlekhem dados pusering kawigatosan tuwin kaluhuran?
Sanes bayi, ingkang ndemenakaken, ingkang nggendeng manah kula sami, nanging Sabdaning PANGERAN, ingkang manjing ing daging, ingkang sami kula sujudi.
Amargi saupami Sang Bayi sampun saged ngandika mesthi boten badhe nedahaken dhateng sang Ibu, nanging Sang Rama ing suwarga, ingkang mungguh tampi pakurmatan tuwin kamulyan.
Boten margi kula dados manungsa utama, nanging ingkang katimbalan punika manungsa dosa, ingkang ngrumaosi asor, temah saged nuwuhaken pamuji Linuhurna PANGERAN ingkang wonten ing suwarga, ingkang luhur piyambak.
Manawi kula namung migatosaken bab kamanungsanipun, kula katuwuhan gagasan, bilih kodrat ing manungsa punika luhur sanget. Ingkang kinurmatan ing pahargyan Natal punika rawuhipun Sang Kristus, mila asring katembungaken Manungsa - Pangeran. Dados kula: inggih punika kodrating manungsa ingkang dipun-makuthani PANGERAN.
Nanging beda sanget menawi anggen kula mareki punika kados manungsa dosa jaler utawi estri, kanthi panembah saha pakering. Ing ngriki boten wonten raos kumaluhur utawi gumunggung, malah kosokwangsulipun, kalimputan raos isin, ewed, asor saha kebak kalepatan, kanthi manah ingkang remuk rempu. Samudayanipun ingkang mambet manungsa kaasoraken wonten ing sandhingipun wadhah pakan. Sunaripun Sang Bayi Suci ingkang madhangi badan kula sakojur, ingkang katon cetha namung ayang-ayang, ingkang cemeng. Ing ngriki manahing manungsa kagendeng ing raos ingkang nrenyuhaken, kanthi paugeman, bilih singa pitados dhateng Sang Putra, boten badhe manggih karisakan, malah ndarbeni gesang langgeng.
Yesus punika nami ingkang ngumandhang wonten ing antaraiksa, boten margi kagendhong ing popok, nanging margi nylametaken umatipun.
Punapa malih Putranipun PANGERAN ingkang suwaunipun sugih kadadosaken mlarat, supados kula ingkang nandhang papa cintraka, sarana panjanmanipun ing kemlaratan, kula kadadosaken sugih saha kapupu dados putranipun. Margi pengalamanipun jiwa kula lajeng mangretos, punapa wewadosipun: "Pinujia asmanipun PANGERAN ing ngaluhur, kakidungaken para malaekat."
Dosa kula punika sanes sesakit, ingkang murugaken kula dipun mesakaken dening PANGERAN. Kosongwangsulipun dosa punika ingkang nglawan, nyatru dhateng Panjenenganipun, nampik malah nilar Pangayunanipun.
Kaelokan, ingkang dipun byarwarakaken dening para malaekat punika: PANGERAN, ingkang nitahaken langit lan bumi, punapa dene manungsa sampun karya Rancangan murih karahayoning manungsa, kaleksanan wonten ing Betlekhem. Kanugrahan saha sih kadarmanipun PANGERAN ngebeki wadhah pakan. PANGERAN punika mahaagung. Kidunganipun para malaekat punika nggigah manah kula, temah kula saged mangretos punapa wadosipun Pahargyan Natal punika. Milanipun wadhah pakan punika dados darbek kula sami, ganjaran ingkang ageng kaparingaken dhateng kula temahan kula saged ngraosaken (ngicipi) kasugihan punika.
Singa saged matrapaken jiwanipun, mareki wadhah pakan punika kraos mantep wonten ing manahipun. Menawi kula mirengaken kidunganipun para malaekat; "pinujia asmanipun PANGERAN ing ngaluhur", kula boten saged mendel kemawon, nanging kadedereng tumut ngunjukaken pamuji makaten: "Puji saha kaurmatan konjuk dhumateng Panjenenganipun, ingkang lenggah wonten ing suwarga!"
Kapendhet saking:
Kanggitan dening | : | Soeparman Wiroatmodjo |
Saking buku | : | Sesatron apa Memitran?, Surakarta, 1982 |